Unggah-Ungguh
Bahasa Jawa
( Makalah ini Dibuat Untuk Memenuhi Tugas
Mata Kuliah bahasa Jawa yang dibimbing oleh bapak ahmad
jami’ul amil, S.Pd., M.Pd.)
Disusun Oleh :
1.
Solikin (120611100189)
2.
Pita Surya Dewi (120611100190)
3.
Dinar Dwi Putri Lestari (120611100192)
4.
Amilatul Fauziyah (120611100193)
5.
Fikrotul Mardliyah (120611100208)
6.
Nurul Alfiyah Widiyawati (120611100210)
PROGRAM STUDI
PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU
PENDIDIKAN
UNIVERSITAS
TRUNOJOYO MADURA
2014
DAFTAR ISI
JUDUL................................................................................................................ i
DAFTAR ISI...................................................................................................... ii
BAB 1
PENDAHULUAN................................................................................. 1
1.
Latar Belakang...................................................................................... 1
2.
Rumusan Masalah................................................................................. 1
3.
Tujuan
Penulisan................................................................................... 1
BAB II PEMBAHASAN................................................................................... 2
1.
Arti unggah ungguh bahasa jawa.......................................................... 2
2.
Macam-macam basa ngoko................................................................... 2
3.
Macam-macam basa kromo................................................................... 4
BAB III PENUTUP........................................................................................... 5
1.
Kesimpulan........................................................................................... 5
2.
Saran..................................................................................................... 5
DAFTAR PUSTAKA.........................................................................................iii
BAB I
PENDAHULUAN
A.
Latar Belakang
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi
basa-basa sing dianggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan
sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang
luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonésia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang
Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa
isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa
ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa
Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali,
Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa
sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé
keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
B.
Rumusan Masalah
1. Apa artine unggah-ungguh basa jawa ?
2. Apa maceme boso ngoko ?
3. Apa maceme boso karma ?
C.
Tujuan
1. Ngaweruhi arti unggah ungguh boso jawa
2. Ngaweruhi pandumane unggah-ungguh boso
jawa
BAB II
PEMBAHASAN
A.
Arti Unggah-Ungguh Bahasa Jawa
Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa
Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku
:
1. Basa ngoko,
kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2,
Antya Basa lan Basa Antya).
2. Basa madya,
kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3. Basa Krama,
kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan
Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
Nanging manut ewah-ewahan jaman, saiki ragam basa Jawa
mung kapantha dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha
maneh dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama uga kapantha
dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus. Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama
lugu, lan krama alus kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
B.
Macam-Macam
Basa Ngoko
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang
wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
1. Ngoko Lugu
yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa
Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
·
Wong tuwa marang bocah
enom
·
Wong kang sadrajad
utawa wis raket sesrawungane
·
Wong apangkat dhuwur
marang pegawene
·
Bocah cilik karo
kancane
·
Ngunandika (ngomong
dhewe)
2. Ngoko Andhap/alus
yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang
diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong
kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama
sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
·
Sedulur tuwa marang
sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
·
Bojone priyayi marang
sing lanang
·
Priyayi marang priyayi
yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :
a.
Antya Basa (wujude tembung ngoko
lan krama inggil). Ciri-cirine :
·
Aku, tetep ora owah
·
Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
·
Ater-ater dak-, ko-,
di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Tuladha :
·
Mas, aku nyuwun
ngampil kagungane buku sewengi wae.
·
Ora, kangmas ki suwé
ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
·
Wah, adhimas ki rada
ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b.
Basa Antya (wujude tembung ngoko,
krama inggil lan krama). Ciri-cirine :
·
Aku, tetep ora owah
·
Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
·
Ater-ater dak-, ko-,
di- tetep ora owah
Tuladha :
·
Mas, aku ora bisa nyaosi
apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu,
muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing
migunani tumrap nusa lan bangsa.
·
Dak arani sliramu dhèk
mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé
baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana
pedhot-pedhoté.
C. Macam-Macam Basa Krama
a.
Krama Lugu
Krama lugu
wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih
migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing
pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
Tuladha:
1)
Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2)
Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3)
Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4)
Bapak kundure mangke jam kalih.
b. Krama Alus
Krama alus
wujude kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom
menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung
kenal.
Tuladha:
1)
Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2)
Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3)
Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4)
Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.
BAB III
PENUTUP
A.
Kesimpulan
1. Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa
Jawa.
2. Ragam basa Jawa
mung kapantha dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama
3. Basa krama
kapantha dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.
4. Basa ngoko
kapantha dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
B.
Saran
1.
Nalika ndamel makalah bahasa jawa supoyo
merhatiaken dateng pendamelan kalimat dalam bahasa jawa
2.
Supoyo ugo merhatiaken sumber sing jelas.
Daftar Pustaka
Suharti. 2001. Pembiasaan Berbahasa Jawa Krama dalam Keluarga Sebagai
Sarana Pendidikan Sopan Santun. Makalah Konggres. Yogyakarta: Konggres
Bahasa Jawa III.
http//: www. jv.wikipedia.org lan cathetan Basa Jawa nalika ing bangku
sekolah.com
SAETU SAE, MATUR NUWUN
BalasHapusthanks
Hapus