jangan lupa dengan diri sendiri> saking pundi kito asalipun, sipa lupa leluhurnya pasti hidup tidak sempurna.
Budaya Jawa Adiluhung
Apa kuwi mung tetembungan kang suwung
Ing ngendi dununge adiluhung?
Sedheng bocah bocah saiki wis lali mring basa biyung
Basa biyung wis dudu basa Jawa
Nanging diganti basane wong manca
Empan papaning basa seling surup Nora tumata
Bocah bocah pada ora ngerti lungguje tatakrama
Mlaku neng ngarepe wong tuwa,ngantasena
Joged gambyong,karonsih,srimpi wis pada lali
Crita wayang,kethoprak di ganti pilm sinetron
Kang tumprap bocah bocah kurang pantes ditonton
Kamangka....
Wong jepang,Australia,lan bangsa kulonan.
Padha ngrengseng sinau nyinden,ndalang
Apadene nabuh gamelan,nggilut karawitan
Apa ya iki sing diarani Jawa Adiluhung ing ngendi dununge!
Apa mung ana ing lathi?
Njur piye besuk nasibe budayane dewe?
Eyang kakung,Eyang putri,Rama,Ibu,Bapak,Simbok.....
Buktekno pangandikamu
Tuntunen putra wayahmu
Dimen lakune ora kleru
Wulang wuruken putra wayah nganggit gurit
Ajarana putra wayah nulis lelakoning urip
Lan nresnani tembang tembang macapat
Mumpung budaya Jawa iki durung kebacut kiyamat
from: mirza,Ahmad_teacher.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
dunia sastra
Language in India www.languageinindia.com ISSN 1930-2940 15:4 April 2015
Language in India www.languageinindia.com ISSN 1930-2940 15:4 April 2015 Dr. Roshni Duhan, Ph.D. (Law), M.A. (English) The Relationship betw...
https://utm1793.blogspot.co.id/
-
14 Maret 2014 Metode dan Tehnik Pengumpulan Data Dalam Penelitian Kualitatif A. Pendahuluan Penelian kualitatif mer...
-
Terjemahan Cerpen William Faulkner A Rose for Emily Sekuntum Mawar Buat Emily (1930) Oleh: William Faulkner I Pa...
-
Lupakan Jasa dan Kebaikan Diri Semakin kita sering menganggap diri penuh jasa dan penuh kebaikan pada orang lain, apalagi menginginkan o...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar